Cerkak Basa Kalongan
Dino iki
Sofyan ujian sekolah. Wis mesthiné Sofyan deg-degan. Opo manèh pelajaran sing
diujiké dino iki Matematika. Pelajaran sing jaréné wong-wong kaé paling angèl. Mugakno kuwi dino iki
Sofyan gupruk. Pak mangkat sekolah bé pijaran kesusu. Adus sakciprit, salin
klambi yo cepet-cepet, nganggo sepatu bé sak kenané. Pokokmèn gedabigan. Koyo
kesambet sétan.
“Ora sarapan Yan?” ujaré Saripah, makané
Sofyan.
“Ora, Mak!” jawabé Sofyan karo ngluyur.
“Iki wis dicepakké
loh, lé. Sarapan ndikék, sitik po’o mèk
wetengé ora kemruyuk.”
“Dino iki ujian Matematika, Mak.”
“Lha opo nèk ujian Matematika kudu ora
sarapan?”
“Ndak telat, Mak.”
“Oalah! Bocaaaah bocah,” Saripah isané ngelus
dodo weruh polahé Sofyan sing ora kober ngenyuk piring. “Yo wis nèk kokuwi. Tak buntelké yo,
lé?”
“Ora usah, Mak! Jamé wis mèpèt. Aku pamit sék,
Mak. Assalamu’alaikum…,” pamité Sofyan ning makané.
“Loh, piyé si bocah? Izék tak buntelké kok wis
mlayu. Pak… Paké…!”
“Yo, Bu….”
“Iki sego wungkusan nggo Sofyan diterké, Pak.
Bocahé bèn sarapan.”
“Yo… yo. Kéné-kéné,” wungkusan sego sing
disiapké Saripah disaut Taslim. Dèknèné langsung ngoyak Sofyan sing durung suwi
metu omah. Bécak sing diparkir ning njogan langsung ditokké. Pikiré, paling mlakuné Sofyan
durung adoh. Paling izék tekan ngarep gang.
Tekan ngarepan gang Taslim lingak-linguk.
Dideloki lor kidul kok ora ono Sofyan. Kepekso Taslim takok lék Sanip, tukang
tambal ban sing biasa mangkal ning ngarep gang. Sopo ngerti weruh Sofyan.
“Iyo nembé baé numpak kol karo kancané, Kang!”
Walah, apes temen Taslim. Taslim mangklihé ora
sido mangkat narik bécak. Taslim ngudak Sofyan. Wungkusan sego megono lawuh
témpé didèlèhké ning jok bécak. Terus ngudak Sofyan. Bécak digenjot temenanan,
nganti ngebut sak ngebut-ngebuté. Ning pikirané, sing penting sego wungkusé
tekan. Sofyan biso sarapan. Sokor-sokor nyandak ngadang Sofyan ning ngarep
gerbang sekolahané. Dadi, Taslim biso mènèhké wungkusan segoné. Mergo ngebut,
ambegané Taslim krengas-krengos. Tapi Taslim ora peduli. Nganti ngliwati
pirang-pirang wong sing pak numpak bécaké.
Tuwasan ngebut, ndilalah pas apak tekan skip,
dèk adoh-adohan palang sepuré wis apak nutup. Kendaraané wis do mandeg. Wis ora
bakal iso lolos. Taslim izék baé ngebut. Sakdenesé Taslim ngerti apak ngebut
koyo opo baé ora bakal nyandak. Palang sepuré wis nutup. Sak kuaté Taslim
ngerèm bécaké.
Karang wis ora iso sabar manèh, rasané sepuré
koyo ora tekan-tekan. Wis kokuwi, pas sepuré liwat rasané ora uwis-uwis, koyo
suwiné pok kaé. Marai tambah ora sabar. Taslim kepikiran Sofyan, anakké sing
pak ujian Matematika dino iki. Ngarep-arep izék duwé wektu nggo ngudak Sofyan.
Disawang manèh sego wungkusan ning nduwur jok. Taslim tambah kepikiran Sofyan.
Sepur wis liwat, palang sepuré wis mbuka,
Taslim mancal bécak manèh. Dikebut manèh. Senajan ngebut, rasané kok koyo ora
tekan-tekan. Koyo adohé pok-pokan. Tapèkno Taslim ora peduli. Sing penting sego
wungkusan kuwi biso tekan ning tangané Sofyan. Pokoké opo baé dilakoni, bén
Sofyan biso sarapan.
Wis jam pitu luwih selawé menit. Kuwi artiné
limang menit manèh Sofyan mlebu kelas. Kringeté Taslim gemobyos. Bécaké
dikebut. Tambah ngebut. Ono sing ngawé, Taslim ora kèron. Ono sing muni-muni,
‘wis ra doyan duwit pok?’, Taslim ora mikiri. ‘Iki dudu perkoro duwit, iki
perkoro nasipé anak. Sofyan kudu sarapan. Bèn iso nggarap ujian,’ batiné
Taslim. Wetengé krucuk-krucuk juga wis ora dikèroni manèh. ‘Mengko izék biso
sarapan. Anak kudu luwih ndisék sarapan. Nèk ora, melaské,’ pikiré Taslim. “Wis
garèk sak jangkah. Ayo Tas, kowé biso Tas. Nyandak…. Nyandak…. Nyandaaaaak!”
Soko jarak selawé mèter, Taslim weruh Sofyan
izék ning njobonan. Taslim rumongso lego biso ngudak Sofyan. Ning bayangané
sego wungkus kuwi ditampaké Sofyan. Terus langsung dipangan ning nduwur bécaké.
Taslim kroso bungah weruh Sofyan mangan sego wungkus kuwi. Taslim seneng Sofyan
biso sarapan ning nduwur bécaké.
Diundang Sofyan sing izék seméndé ning gapuro
sekolahan. “Lé, iki segoné. Ayo kéné sarapan.”
Sofyan ora nggoplé. Sawangané malah katok lemes
dedes.
“Yan, kéné sarapan. Iki Bapak nggawaké sego
wungkus gawéané maké. Énak loh, lé. Kéné, lé. Kéné! Bèn kowé biso nggarap soal
ujian, lé. Sarapan ndikék.
Ayo kéné.”
Krungu omongané Bapaké, Sofyan malah nglungani,
ngadoh dèk bapakané.
Sofyan mlaku setengah mlayu. Sirahé ditekuk, metungkul.
“Lho, Yan! Sofyan! Ono opo, lé?” Taslim
langsung mudun dèk bécaké. Setengah mlayu, Taslim nyusul Sofyan. Mèdeki Sofyan.
Dicekel pundaké nganti Sofyan ora biso mlayu manèh. Disawang rainé Sofyan.
Mripaté abang. Mbrambang. Ambegané sesek. Sofyan babarblas ora wani nyawang
bapakané.
Weruh Sofyan koyo kuwi, Taslim semodokan getun.
Terus takon, “Kowé nangopo, Yan?”
Sofyan gèdèk-gèdèk.
Taslim nyawang gapuro sekolah. Wis tutupan. Dèk
koco jendelo kelas-kelas sing ning sisih gapuro sekolah katok soko njobo
bocah-bocah wis podo nggarap soal ujian. Taslim bongko.
“Yan! Kowé mbolos?! Ha!?”
Sofyan izék meneng baé.
“Jawab, Yan! Jawab! Kowé ora mèlu ujian.
Nangopo?”
Sofyan tambah metungkul.
Taslim tambah mangkel, “Ojo goroh kowé, Yan!
Ojo goroh! Nangopo, Yan? Ha? Nangopo? Salah opo kowé? Salah opo? Ha?! Ojo gawé
geloné Bapak, Yan….”
“Iki salahé Bapak, Pak. Salahé Bapak!”
“Sofyan!!!” saking mangkelé, tangané Taslim ora
sengojo ngeplak pipiné Sofyan.
“Terus, Pak! Terus. Dikampleng baé terus!”
Taslim ora kuat weruh tangisé Sofyan. Sego
wungkus sing ning tangané ora sido diwènèhké. Taslim terus mlebu sekolahan.
Karepé takok karo kepala sekolah. Ningopo Sofyan ora mèlu ujian?
“Pak! Bapak!” Sofyan ngundang-ngundang
bapakané. Tapi ora digubris.
Sofyan narik tangané Taslim. Tapèkno tangané
Taslim kuat. Tangané Sofyan dikipatké nganti njlungup.
“Pak! Ojo, Pak! Ojo!”
“Wis kowé ning kéné baé!”
Tekan ruang kepala sekolah, Taslim nakoké
sebabé opo Sofyan ora mèlu ujian. “Ngapunten, Pak. Kulo bapaké Sofyan. Kulo
badhé tangklek, kok Sofyan mboten ndèrèk ujian niku sebabé nopo, Pak?”
Pak Mahmud, kepala sekolahé Sofyan mesem. Terus
njawab, “Oh, ngèten Pak, Sofyan wau kepekso dipun medalaké saking kelas mergo
mboten tertib.”
“Mboten tertib kados pundi, Pak? Sofyan niku
laré saé. Mboten seneng nèko-nèko. Kok Bapak saget ngendikan kados puniku
pripun?”
“Ngèten Pak, sekolah niku kan wonten tata
tertibé. Salah setunggalé murid mboten diparengaké ngagem sepatu sing warnané
sanès cemeng. Lha, Sofyan wau niku ngagem sepatu wernané abrit, Pak. Dadi,
dipun suwun gantos sepatunipun.”
“Loh, goro-goro sepatu, Pak? Goro-goro sepatu
tok?! Nopo mboten wonten kebijaksanaan, Pak? Anak kulo mau kuwi mangkat kesusu.
Ora kober sarapan. Mosok goro-goro sepatu ora éntuk ujian? Umpama mulih salin
sepatu, anak kulo mesti telat. Nopo maléh ujiané wis mulai. Nyuwun
kebijaksanaané, Pak. Tulung. Kulo niki tiyang alit. Nyekolahké anak mergo
pingin anak ojo nganti koyo bapaké, kéré!”
“Ngapunten, Pak. Niku aturan, Pak.”
“Pak! Aturan si aturan. Tapi opo ora ono
kamanungsan?”
“Aturan nggih ngoten niku, Pak.”
“Tapi nopo kudu ngilangké kamanungsan, Pak?!”
“Nyuwun sèwu, Pak. Kulo lagi sibuk. Sumonggo
Bapak kulo aturi kondur.”
“Iki kudu digenahké sék, Pak. Kulo mboten
trimo! Mboten trimo!”
Dèk adoh-adohan satpam sekolah mèdeki Taslim. Taslim
digèrèt. Disèwèk-sèwèk kerah klambiné tanpo kamanungsan. Koyo ora ono regané.
Tekané njobo, Sofyan sing weruh bapakané digèrèt satpam rosoné koyo diantem
atiné. Sofyan ora trimo terus ngudak satpamé, dipancal sak kenané. Dijotos
sirahé.
“Bapakku dudu kèwan! Culké!” ujaré Sofyan.
Satpam sing gedi awaké kuwi akhiré ngeculké
Taslim.
“Koyo kuwi o carané ngregani wong! Iki bapakku.
Bapakku ora salah! Nèk pancèn salah, ndi salahé? Ndi? Kuwalat raimu!” Sofyan
nantang satpam sekolah.
“Wis lé, wis! Ayo bali!” getak Taslim.
Ning nduwur bécak, sak dawané dalan mulih omah,
Sofyan atiné mbedegel. Durung iso trimo nèk bapakané disèwèk-sèwèk. Bener-bener
ora ono roso menungsoné. Wis kenemenen. Kewanèn tur blas ora pantes. Ning
sekolahan sing kuduné dadi panggonané luru ilmu lan teladan kok ono kelakuan
sing koyo kuwi. Ora iso dinggo conto.
“Wis, Yan… rasah dipikir. Rasah gelo,” ujaré
Taslim. Koyo-koyo paham nèk anaké izék loro ati.
Sofyan ora biso ngomong opo-opo. Sepatu abang
sing izék nèmpèl ning sikilé disawang-sawang. ‘Iki. Iki sing ndadèké perkoro.
Sakdenesé nèk ora ono sepatu iki, ora bakal ono masalah. Tapi piyé manèh. Iki
sing tuku Bapak. Nyong yo ora njaluk. Ora ilok nèk nyong nolak,’ Sofyan mbatin.
‘Opo tak buwak baé? Tapi nyong ora tégo. Bapak mesthi gelo nèk sepatuné tak
buwak’.
“Bapak sing salah, lé. Bapak salah. Saumpamané
ora ono sepatu abang kuwi, ora bakal ciloko koyo iki. Bapak wis goroh karo
kowé, karo makamu. Sepatu iki dudu bapak sing tuku. Tapi iki diwènèhi
penumpangé Bapak. Koyo Bapak ora mungkin biso nukoké sepatu larang. Isoné tuku
sepatu murahan sing didol ning pasar. Gampang bodol. Gampang rusak. Bapak
njaluk maaf yo, lé,” Taslim mangklihé ngaku.
“Ora Pak, Bapak ora salah. Iki salahé nyong,
Pak. Nèk mau kaé nyong ora kesusu, ora bakal koyo kiyé, Pak,” Sofyan ngibur
Bapakané.
Taslim rumongso lego saiki. Perkoro Sofyan ora
mèlu ujian wis ora dadi pikiran manèh. Sebabé wis katok kabèh saikiné. Sekolah
kuwi koyo kaé. “Ayo lé, mulih. Kuwi wungkusané karo dipangan ra. Dèk isuk kowé
durung sarapan kan? Ayo dipangan, lé.”
“Paroan yo, Pak? Bapak kan durung sarapan
juga.”
“Ora, lé. Kowé baé. Bapak mengko pak sarapan
ngomah.”
Bécaké Taslim soyo ngadoh dèk sekolahan. Wong
loro koyo-koyo wis ra mikiri manèh opo artiné sekolah, opo artiné masa depan. Kanggoné
Taslim, cukup ngerti baé. Kanggoné Sofyan sing bocah pinter, kedadèn iki luwih
penting timbangané ngorèk-orèk druwang jawaban. Urip dudu druwang.
Pekalongan, 15 April
2015
Sing masalah kuwi arane Sofyan, trus arane kepala sekolahe bapakku Kang...
BalasHapusKok bisa gitu ya?
Hapus